Sunday, February 2, 2014

ngeMC Pengajian Pakai Bahasa Jawa Alus

Assalamu'alaikum wr.wb.
Membawakan acara pengajian pakai bahasa jawa memang sudah tidak banyak yang melakukan. Tetapi ngeMC pakai bahasa jawa masih dilakukan di daerah tempat tinggal saya. Berikut ini saya akan share draf MC pakai bahasa jawa yang kebetulan saya pernah melakoninya... Pengajian yang rutin dilaksanakan di daerah tempat tinggal saya biasanya disuguhkan snack dan minuman terlebih dahulu makanya sebelum acara pengajian dimulai mempersilakan makan dan minum dulu bagi semua jama'ah pengajian.... kalau tidak ya langsung saja mulai dari salam.... 

Bapak – bapak, ibu – ibu para rawuh jama’ah pengaosan rutin malem jum’at legi ingkang kulo hormati. Sakderengipun pengaosan ing ndalu meniko kito purwakani, wonten ing ngarso panjenengan sedoyo sampun samekto unjukan saha pendherekipun. Kanthi meniko kasumanggakaken dumateng bapak – bapak ibu-ibu para jama’ah sedoyo ngunjuk saha dahar kanthi prayogi. Ananging langkung rumiyin monggo kito kantheni waosan dongo sesarengan.
“Bismillahirrohmaanirrohiim Allahuma bariqlaana fii maa rozaqtana waqina adza bannar”
**********************************************************************************
Bapak – bapak, ibu – ibu soho poro jama’ah sedoyo ingkang kulo hormati. Nyuwun pangapunten, mboten ngirangi kamardikan anggenipun panjenengan sedoyo ngunjuk soho dahar. Ananging ngengeti wekdal ingkang sampun ndalu, pramilo pengaosan ing ndalu meniko enggal badhe kawiwitan.
**********************************************************************************
Assalamu’alaikum wr.wb.



Ingkang kinabekten panjeneganipun ustadz ………...
poro jama’ah sedoyo kakung sumowono putri ingkang kinurmatan.
Langkung rumiyen sumonggo kulo dherekaken, kulo lan panjenengan sedoyo tansah ngaturaken puji soho syukur wonten ing ngarsonipun Allah swt, Ingkang tansah paring rohmat, taufik, soho hidayahipun dumateng kito sedoyo, sahinggo kito saget makempal wonten ing Masjid Al-Hidayah meniko saperlu ing sumangkeh badhe midhangettaken tauziah ingkang badhe dipun aturaken panjenenganipun ustadz ….. ……………saking…… ……….. wonten ing adicoro pengaosan ing ndalu meniko.
Sholawat saho salam mugi tansah ketetepno dumateng junjungan kito Nabi Muhammad saw, sumrambahipun dumateng keluargo, poro shohabat tuwin dumateng sedoyo penderekipun  ngantos dumugi akhir zaman. Aamiin…
Bapak – bapak ibu –ibu poro jama’ah sedoyo, kakung sumowono putri ingkang kulo hormati, sakderengipun kulo nyuwun pangaputen awit sampun kumawantun ngadeg wonten ing ngarsonipun panjenengan sedoyo, inggih awit ing ndalu meniko kulo kajibah nderekaken lampahing adicoro meniko. Wondene reroncening adicoro inggih puniko:

1. Pambuko
2. Waosan ayat suci Al-qur’an ingkang badhe dipun waosaken dening sederek……….
3. Atur pangandikan saking pengurus takmir Masjid Al-Hidayah, ingkamg badhe dipun salirani dening Bapak Drs. Muncaryadi.
4. Tauziah ingkang badhe dipun aturaken dening panjenenganipun Ustadz………
5. Panutup

Bapak – bapak, ibu – ibu para jama’ah sedoyo ingkang kulo hormati, tumapak wonten ing adicoro ingkang sepindah inggih meniko pambuko. Sumonggo acoro pengaosan wonten ing ndalu meniko kito purwakani kanthi waosan basmallah sesarengan “Bismillah…..”
Maturnuwun, mugi – mugi kanthi waosan basmallah kolo wau pengaosan ing ndalu meniko saged lumampah kanthi sae, lancar, soho mboten wonten alangan satunggal punopo. Aamiin..
*Adicoro ingkang kaping kalih inggih meniko waosan ayat suci Al-Qur’an, pramilo dumateng sedherek……………… wekdal soho panggenan kulo sumanggaken.
**************************************************************************
Mekaten kolowau waosan ayat suci Al-Qur’an ingkang sampun dipun waosaken dening sedherek…………….. mugi-mugi dumateng sedherek ……………. Ingkang sampun maosaken pikanthuk ganjaran ingkang sakelangkung kathah, ugi dumateng jama’ah sedoyo ingkang midhangetaken saget tambah iman soho taqwa wonten ngarsonipun Allah swt.
*Adicoro ingkang kaping tigo inggih meniko atur pangandikan saking pengurus Takmir Masjid Al-Hidayah, dumateng panjenenganipun Bapak Drs.Muncaryadi wekdal soho papan kulo sumanggaken.
**************************************************************************
Mekaten kolowau atur pangandikan saking Bapak Drs. Muncaryadi atas nami pengurus takmir Masjid Al-Hidayah.
*Adicoro ingkang kaping sekawan inggih meniko tauziah ingkang badhe dipun aturaken dening panjenenganipun ustadz ………………… wekdal soho papan  kulo sumanggaken.
***************************************************************************
Mekaten kolowau tauziah ingkang sampun dipun aturaken dening panjenenganipun Ustadz ………………………… Mugi –mugi menopo ingkang sampun dados pangandikan  kolowau saged kito pendhet hikmahipun, saenggo saget kito amalaken wonten ing panggesangan ing saben dintenipun, Aamiin.
*Adicoro ingkang kaping gangsal inggih meniko panutup. Ananging sakderengipun pengaosan ndalu meniko kito pungkasi, wonten saktunggaling pengumuman inggih meniko infak pengaosan ing ndalu meniko pikanthuk …………. ,mugi –mugi amal kesaenan panjenengan sami pikanthuk piwales saking Allah swt lan mbok bilih kulo minongko pranoto adicoro kathah kelanta-kelentunipun, kirang trapsilo lan ugi mboten mranani penggalih kulo nyuwun agunging samudro pangaksami.
Sumonggo pengaosan wonten ing ndalu puniko kito pungkasi kanthi waosan do’a kataratul majlis lan waosan tahmid sesarengan.
“Subhanakallahumma wabihamdika asyhadualla ilahailla anta astaghfiruka wa atubu ilaik, Alhamdulillahirobbil’alamiin”
Wassalamualaikum Wr.Wb


Demikian yang dapat saya sampaikan pada kesempatan kali ini tentang membawa acara pengajian pakai bahasa jawa kurang lebihnya mohon ma'af, wassalamu'alaikum wr.wb.




0 comments:

Post a Comment